Uwis pada nduwe
bojo urung?? Nek urung ya kawus. hehe. Sing jenenge nggolet bojo kue
gampang-gampang angel ,,Di omong gampang wong wadon / wong lanang kue
akeh,pirang-pirang, masa mung siji thok ora olih si?? Melas temen.,,,Di omong
angel, genah ora kena sembarangan, mergane bojo kue sepisan seumur urip. Dadi
kudu temenan gole nggolet ,,ora kabeh bisa cocok,ora kabeh bisa sreg. Bojo sing
pas karo ati kue sing jenenge bojo impen alias bojo impian. Tek nyetel lagu
disit lah ,,siki ngrungokna : Ungu : Neng Kene Nggo Kowe
Keprime sih nggolet bojo impen
kue??
1. Nggolet
bojo sing biasa bae. Biasa nggawa mobil, biasa tuku lemah.
2. Nggolet
bojo ora usah ayu/ngganteng pisan, sing penting patut di gawa kondangan, ora
ngisin-ngisina (kaya rika sing maca)
3. Bojo
kue sing penting pengertian. Ngerti nek butuh umah, ngerti nek butuh sandangan
apik, ngerti butuh kendaraan.
4. Nduwe
bojo sing penting ngregani. Ngerti rega lemah sepira, rega umah sepira, rega
lemari,tv sepira, rega mobil sepira, kudu teyeng ngregani lah pokoke.
5. Nduwe
bojo sing penting apa anane. Anane apartemen ya ora papa, anane mobil siji tok
ya ora papa.
6. Nggolet
bojo kudu sing sopan nek di takoni. Nduwe umah kowe?? | Nggih | Nduwe duit akeh
kowe?? | Nggih.
7. Nggolet
bojo sing penting genah. Genah arep mbojo karo wong lanang apa wong wadon.
Nah kaya kue lah contone nek arep
nggolet bojo, kepenak apa gampang?? *tutupankampil.*
Tek dongakna pokoke bojo impen rika
pada kelakon, ,,amiin
Komentar
Posting Komentar